Selasa, 28 September 2010

jadwal persijap

Jadwal kompetisi PERSIJAP ISL 2010/2011
Putaran Pertama
26/09/2010 PERSIJAP vs PSM (home)
29/09/2010 PERSIJAP vs PERSIBA (home)
13/10/2010 PERSEMA vs PERSIJAP (away)
20/10/200 AREMA vs PERSIJAP (away)
25/10/2010 PERSIJAP vs PERSIPURA (home)
27/10/2010 PERSIJAP vs PERSIWA (home)
10/11/2010 PERSIJAP vs PERSISAM (home)
14/11/2010 PERSIJAP vs BONTANG FC (home)
05/01/2011 SRIWIJAYA FC vs PERSIJAP (away)
08/01/2011 PERSIB vs PERSIJAP (away)
12/01/2011 DELTRAS vs PERSIJAP (away)
15/01/2011 PERSELA vs PERSIJAP (away)
19/01/2011 PERSIJAP vs SEMEN PADANG (home)
22/01/2011 PERSIJAP vs PELITA JAYA (home)
26/01/2011 PSPS vs PERSIJAP (away)
29/01/2011 PERSIJA vs PERSIJAP (away)
10/02/2011 PERSIJAP vs PERSIBO (home)

Putaran Kedua
08/03/2011 PERSIBO vs PERSIJAP (away)
13/03/2011 PERSIJAP vs PSPS (home)
16/03/2011 PERSIJAP vs PERSIJA (home)
21/03/2011 SEMEN PADANG vs PERSIJAP (away)
24/03/2011 PELITA JAYA vs PERSIJAP (away)
29/03/2011 PERSIJAP vs DELTRAS (home)
03/04/2011 PERSIJAP vs PERSELA (home)
10/04/2011 PERSISAM vs PERSIJAP (away)
13/04/2011 BONTANG FC vs PERSIJAP (away)
17/04/2011 PERSIJAP vs SRIWIJAYA FC (home)
23/04/2011 PERSIJAP vs PERSIB (home)
01/06/2011 PERSIPURA vs PERSIJAP (away)
04/06/2011 PERSIWA vs PERSIJAP (away)
09/06/2011 PERSIJAP vs AREMA (home)
12/06/2011 PERSIJAP vs PERSEMA (home)
16/06/2011 PSM vs PERSIJAP (away)
19/06/2011 PERSIBA vs PERSIJAP (away)

Senin, 20 September 2010

gegurutan


geguritan

oleh Meygha D'rezpector pada 20 September 2010 jam 14:51
KEKUDANGANKUmaymintaraga 19 april 2009

o, ngger sang ponang jabang bayibebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengisira wus lahir kanthi slametnyawang gumelaring jagat raya
yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengikapurih sira bisa turu kanthi tentremyen sira mesem tak kudang tak liling
 o, ngger sang ponang jabang bayitak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe ***
 kanggo: fabian moreno setiawan lan rubi dirgantara

UDAN WAYAH SOREmaymintaraga 02 mei 2009
udan riwis-riwis nggawa angin gumantiora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arepdikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
 sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunarlan manuk kepodang colat-colot ana wit gedangtak tunggu tekamu ing sak ngisore payungtak kanthi lakumu tumeka ngendi
 mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwismarakake gawe kekesing atimanuk kepodang wus mabur mangulonnanging tetep tak tunggu tekamu ***

NALIKA SEPI ....
pasuryanmu sing beningtumiba ing banyu mili turut pletheking suryasaya suwe tansaya adohninggalake sepi
 tan ana sabawa gumrisiking alang alangaku mung bisa nyawangpasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kalinganti datan katon kasaput pedut ***

maymintaraga, jakarta 27 mei2009

PETENGING WENGI maymintaraga 19 april 2009sumribit angin ngelus langit soremanuk sriti bali ing pucuking cemaranganti tekaning wengi sing nyenyetgawang-gawang katon pasuryanmu
 gawe tambah kekesing angin soretumlawung rasa kang ngulandarawengi bakal tumeka manehbareng karo wewayanganmukang bakal ngebaki impen petenging wengi
 lumaku turut petenging lurungbakal gawang-gawang campur mega-megaapa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ? ***

NYAWANG PUCUKING GUNUNG SUMBING maymintaraga 19 april 2009


sawah lan pategalan baweralumaku saktengahing kunang-kunangkumelip nggawa wisik saka pucuking gunung sumbingtak goleki ngendi panggonanmu
 bapa biyung kang wus tumeka ing kasedan jatianakmu isih nyawang pucuking gunung sumbingana ing saktengahing sawah pategalan sing dadi pangeling
 o, bapa lan biyung...saiki panggonanmu ing pangayunaning pangeranisih bisa nyawang ana ing panggonan ikisawangen anakmu ***



maymintaraga :
WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU
jakarta 8 april 2009
rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kenesaklawase ora nate ketemusaliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthigandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk
 wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkurwus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putihing dalan iki rong puluh tahun kepungkurana cerita rinajut endah
 dik, kala kala sliramu isih dadi impenkupirsanana ana nduwur kaeana teja manther ing sela-selaning gegodonganlan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene
 saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangensimpenen kangenmu ana impen ***

maymintaraga :
PEPADANG BAKAL TUMEKA

angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandunganmecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samunbumi kang kapidak kebak sinengkeranggawa ganda bacinmanuk manuk dhandhang kekitrang wayah sorepeteng kang gemuleng ing angganing manungsa
 wus sinerat ana ing kitab duk ing unipepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungahkanggo kita sami jalma manungsakang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samunamadhangi sakendhenging jagat rayamara gage kita sami tumenga ing angkasamangayubagya rawuhipun sang pepadhangkanthi mesu raga nutup babahan nawa sangamangestu nampi pepadhang .....

jakarta wanci adven minggu kaping kalih warsa 2009


RON GARING


Wengi sansaya atis
 nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
 kang digawa dening angin
 prasasat tan kendhat
 anggonku kulak warta adol prungu
 ananging isih mamring
 aku wis pingin cecaketan
 obormu kang makantar-kantar
 madhangi jangkah lan jagatku
 ana ngendi papanmu
 lelana tapa brata
 tanpa pawarta tanpa swara
 aku kadya ron garing
 kumleyang kabur kanginan
 ing jagat peteng lelimengan
 krasa luwih abot
 anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
 mlakuku ora mantep
 kagubet ribet lan ruwet
 adoh saka cahyamu
 pedhut ing sakindering pandulu
 panjenengan

guruku, sihku, oborku

kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.


RON GARING wengi sansaya atis nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan kang digawa dening angin prasasat tan kendhat anggonku kulak warta adol prungu ananging isih mamring aku wis pingin cecaketan obormu kang makantar-kantar madhangi jangkah lan jagatku ana ngendi papanmu lelana tapa brata tanpa pawarta tanpa swara aku kadya ron garing kumleyang kabur kanginan ing jagat peteng lelimengan krasa luwih abot anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep mlakuku ora mantep kagubet ribet lan ruwet adoh saka cahyamu pedhut ing sakindering pandulu panjenengan guruku, sihku, oborku kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati


DAUN KERING malam kian dingin ketika aku sembunyi di dalam suara gamelan yang di bawa oleh angin seperti tak putus aku mencari berita namun masih sepi ku ingin dekat obormu yang menyala-nyala terangi langkah dan duniaku di mana adamu mengembara bertapa tanpa berita tanpa suara ku laksana daun kering melayang diterbangkan angin di ruang gelap gulita terasa kian berat hadapi hari-hari di depan berjalanku tak lagi tegap terselubung riuh dan ruwet jauh dari cahayamu kabut di seputaran pandangan engkaulah guruku, kekasihku, oborku temanilah jiwaku belajar tentang cinta di dalam hati (salam, Budhi setyawan)http://budhisetyawan.wordpress.com/